Ajaran filsafat pagesangan Paku Buwono IX adhedhasar aksoro Jawi puniko kados mekaten :

Ho-no-co-ro-ko
ateges ono utusan yoiku utusan urip, wujude napas sing kajibah
manunggalake jiwo lan rogoning manungso. Maksute ono sing paring
kapercayaan, ono sing dipercoyo, lan ono sing dipercoyo kanggo makaryo.
Telung perkoro iku ananging Alloh, manungso lan jejibahane manungso
(minongko titah).

Do-to-so-wo-lo
ateges manungso sawise cinipto nganti tekan saate tinimbalan, ora biso
nolak utowo endho opo dene semoyo. Manungso lan samubarange kudu ndherek
sendiko dhawuh, nompo sarto nindakake kersane Alloh.
Po-dho-jo-yo-nyo
ateges manunggale Dzat Kang Ngcet Lombok(Kholik) karo sing diparingi
urip (makhluk). Karepe cocog nunggal batine sing bisa disawang ing
sajrone solah bawane adhedhasar kaluhuran lan kautaman. Joyo iku menang,
unggul sing sabener-benere, ora mung menang-menangan utawa menang ora
sportip.
Mo-go-bo-tho-ngo
ateges nompo sakabehing dhedhawuhan sarto larangane Alloh Kang Moho
Kuwoso (takwa). Maksude, manungso kudu pasrah, sumarah marang garising
diwajibke, senajanto manungso diparingi wenang kanggo ngiradati,
budidoyo kanggo nanggulangi. Wusanane, kabeh mung ono panguwasane Alloh
sumber: http://njowotenan.blogspot.com/2010/03/filsafat-honocoroko-paku-buwono-ix.html
0 comments:
Posting Komentar